|
|
بسم
الله الرحمن الرحيم |
|
|
صلاة
الله مالاحت كواكب |
|
|
علي
احمد خير من ركب النجاءب |
|
|
(Shalaatullaahi
maa laahat kawaakib |
|
|
‘alaa Ahmad khoiri
mar-rakiban-najaa-ib). |
|
1. |
Iki syiir kanggo bocah lanang wadon |
|
|
Nebihaken tingkah laku ingkang awon |
|
2. |
Serta nerangake budi kang prayoga |
|
|
Kanggo dalan padha mlebu ing suwarga |
|
3. |
Bocah iku wiwit umur pitung tahun |
|
|
Kudu ajar thatha keben ora getun |
|
4. |
Kudu tresna maring ibune kang ngrumati |
|
|
Kawit cilik marang bapa kang gemati |
|
5. |
Ibu bapa rewangana lamon repot |
|
|
Aja kaya wong gemagus ingkang wangkot |
|
6. |
Lamon ibu bapa prentah enggal tandang |
|
|
Aja bantah aja sengol aja mampang |
|
7. |
Andap asor ing wong tua najan liya |
|
|
Tetepana aja kaya raja kaya |
|
8. |
Gunem alus alon lirih ingkang terang |
|
|
Aja kasar aja misuh kaya bujang |
|
9. |
Yen wong tua lenggah ngisor sira aja |
|
|
Pisan lungguh duwur kaya jama juja |
|
10. |
Yen wong tua sare aja geger guyon |
|
|
Lamon sira nuju maca kudu alon |
|
11. |
Lamon sira liwat ana ing ngarepe |
|
|
Kudu nyuwun amit serta depe depe |
|
12. |
Lamon ibu bapa duka becik meneng |
|
|
Aja melu padon uga aja nggreneng |
|
|
A. Bab Ambagi Wektu |
|
13. |
Dadi bocah kudu ajar bagi Zaman |
|
|
Aja pijer dolan nganti lali mangan |
|
14. |
Yen wayahe Shalat aja tunggu prentah |
|
|
Enggal tandang cekat ceket aja wegah |
|
15. |
Wayah ngaji wayah sekolah sinau |
|
|
Kabeh mau gathekake kelawan tuhu |
|
16. |
Kenthong subuh enggal tangi nuli adus |
|
|
Wudhu nuli shalat khusyuk ingkang bagus |
|
17. |
Rampung shalat tandang gawe apa bae |
|
|
Kang prayoga kaya nyaponi umahe |
|
18. |
Lamon ora iya maca-maca Qur’an |
|
|
Najan namung sitik dadiya wiridan |
|
19. |
Budal ngaji awan bengi sekabehe |
|
|
Thatha krama lan adabe padha bae |
|
|
B. Bab Ing pamulangan |
|
20. |
Lamon arep budal menyang pamulangan |
|
|
Thatha-thatha ingkang rajin kang resikan |
|
21. |
Nuli pamit ibu bapa kanthi salam |
|
|
Jawab ibu bapa ‘alaikum salam |
|
22. |
Disangoni akeh sithik kudu trima |
|
|
Supaya ing tembe dadi wong utama |
|
23. |
Ana pamulangan kudu tansah gathi |
|
|
Nampa pawulangan ilmu kang wigati |
|
24. |
Ana kelas aja ngantuk aja guyon |
|
|
Wayah ngaso kena aja nemen guyon |
|
25. |
Karo kanca aja bengis aja judes |
|
|
Mundak diwadani kanca ora waras |
|
|
C. Mulih saking Pamulangan |
|
26. |
Bubar saking pamulangan enggal mulih |
|
|
Aja mumpar-mampir dolan selak ngelih |
|
27. |
Tekan omah nuli salin sandangane |
|
|
Kudu pernah rajin rapi aturane |
|
|
D. Ono ing ngomah |
|
28. |
Karo dulur kanca ingkang rukun bagus |
|
|
Aja kaya kucing belang rebut tikus |
|
29. |
Dadi tua kudu weruha ing sepuhe |
|
|
Dadi enom kudu rumangsa bocahe |
|
30. |
Lamon bapa alim pangkat sugih jaya |
|
|
Sira aja kumalungkung maring wong liya |
|
31. |
Pangkat gampang minggat sugih kena mulih |
|
|
Alim iku gampang uwah molah-malih |
|
32. |
Arikala sira madhep ring wong liya |
|
|
Kudu ajer aja mrengut kaya baya |
|
|
E. Karo Guru |
|
33. |
Marang guru kudu tuhu lan ngebakti |
|
|
Sekabehe printah bagus dituruti |
|
34. |
Piwulange ngertenana kanthi ngudi |
|
|
Nasihate tetepana ingkang merdi |
|
35. |
Larangane tebihana kanthi yekti |
|
|
Supaya ing tembe sira dadi mukti |
|
|
F. Ana Tamu |
|
36. |
Tatkalane ibu rama nampa tamu |
|
|
Aja biyayakan tingkah polahamu. |
|
37. |
Aja nyuwun duwit wedhang lan panganan |
|
|
Rewel beka kaya ora tau mangan |
|
38. |
Lamon butuh kudu sabar dhisik |
|
|
Nganti tamu mundur dadi sira becik |
|
39. |
Arikala padha bubaran tamune |
|
|
Aja nuli rerebutan turahane |
|
40. |
Kaya keting rerebutan najis tiba |
|
|
Gawe malu lamon dideleng wong jaba |
|
41. |
Kejaba yen bapa dhawuh he anakku |
|
|
Iku turahe wong ngalim kiyai-ku |
|
42. |
Bagi rata sakdulurmu keben kabeh |
|
|
Ketularan Alim, sugih bangha akeh |
|
43. |
Niat ira nuprih berkahe wong mulya |
|
|
Ora niat rebut turahe wong liya |
|
|
G. Sikap lan lagak |
|
44. |
Anak Islam iki mangsa kudu awas. |
|
|
Aja nganthi lena mengko mundak tiwas |
|
45. |
Luru ilmu iku perlu nanging budi |
|
|
Adab Islam kudu tansah dipersudi |
|
46. |
Akeh bocah pinter nanging ora bagus |
|
|
Budhi pekertine sebab da gembagus |
|
47. |
Ring wong tua gak ngergani gak ngajeni |
|
|
Sajak pinter dewe langka kang madhani |
|
48. |
Jare iku caranepun sak punika |
|
|
Ora ngana dudu antelik merdeka |
|
49. |
Ngagem blangkon serban sarung dadi gujeng |
|
|
Jare ora kebangsaan ingkang majeng |
|
50. |
Sawang iku pengeran Dipanegara |
|
|
Imam bonjol Tengku Umar kang kuncara |
|
51. |
Kabeh padha bela bangsa lan negara |
|
|
Padha ngagem destar pantes yen perwira |
|
52. |
Gujeng serban sasat gujeng Imam bonjol |
|
|
Sak kancane he anakku aja tolol |
|
53. |
Timbang gundhul apa ora luwih apik bagus |
|
|
Ngagem tutup sirah kaya raden bagus |
|
54. |
Kala-kala pamer rambut sak karepmu |
|
|
Nanging kudu eling papan sesrawunganmu |
|
55. |
kumpul mudha beda karo pul Kyai-ne |
|
|
Nuju shalat gak padha mlancong nujune |
|
56. |
Ora nuli mlancong gundhul shalat gundhul |
|
|
Sowan mara tuwa gundhul nguyuh gundhul |
|
|
H. Cita-cita luhur. |
|
57. |
Anak Islam kudu cita-cita luhur |
|
|
Keben dunya akhirate bisa makmur |
|
58. |
Cukup ilmu umume lan agamane |
|
|
Cukup dunya kanthi bekti pangerane |
|
59. |
Bisa mimpin sakdulure lan bangsane |
|
|
Tumuju ring raharja lan kamulyane |
|
60. |
Iku kabeh ora gampang leksanane |
|
|
Lamon ora kawit cilik tak-citane |
|
61. |
Cita-cita kudu dikanthi gumergut |
|
|
Ngudhi ilmu sarta pakerti kang patut |
|
62. |
Kita iki bakal tininggal wong tuwa |
|
|
Ora kena ora kita mesthi nuwa |
|
63. |
Lamon kita padha katekan sejane |
|
|
Ora liwat sira kabeh pemimpine |
|
64. |
Negaramu butuh menteri butuh mufti |
|
|
Butuh kadi, patih, setten lan bupati |
|
65. |
Butuh dokter, butuh Mister ingkang pinter |
|
|
ilmu agama kang nuntun laku bener |
|
66. |
Butuh guru lan Kyai kang linangkung |
|
|
Melu ngatur negarane ora ketung |
|
67. |
Iku kabeh sapa maneh kang ngayai |
|
|
Lamon ora anak kita kang nyaguhi |
|
68. |
Kejaba yen sira kabeh ridho mbuntut |
|
|
Selawase angon wedhus nyekel pecut |
|
69. |
Sira ridho nggocik cikar selamine |
|
|
Kafir ira mentul-mentul lungguhane. |
|
70. |
Ora sela angon wedhus numpak cikar |
|
|
Asal cita-cita ilmu bisa nenggar |
|
71. |
Nabi kita kala timur pangon mendha |
|
|
Ing tembene pangon jalma kang sembada |
|
72. |
Abu bakar sidik iku bakul masar |
|
|
Nanging nata masyarakat ora sasar |
|
73. |
Ali Abu Thalib bakul kayu bakar |
|
|
Nanging tangkas yen dadi paglima besar |
|
74. |
Wahid Hasyim santri pondok gak sekolah |
|
|
Dadi mentri karo liyan ora kalah |
|
75. |
Kabeh mau gumantung ing seja luhur |
|
|
Kanthi ngudi ilmu sarta laku jujur |
|
76. |
Tekan kene pungkasane Syi’ir iki |
|
|
Larikane wolung puluh kurang siji |
|
77. |
Muga-muga sejja kita sinembadan |
|
|
Dening Allah ingkang nurunake udan |
|
78. |
Pinaringan taufiq sarta hidayah |
|
|
Dunya akhirate sehat wal ‘afiyah. |
|
79. |
Amin amin amin amin amin amin |
|
|
Falhamdulillaahi Rabbil ‘aalamiin. |
|
|
آمين
آمين آمين آمين آمين آمين |
|
|
فالحمد
لله رب العالمين |
___________
Bisri Musthofa, Syi’ir Ngudhi Susila, Rembang, Jumadil Akhir
1373 H.
0 Comments:
Posting Komentar
Tinggalkan Komentar dengan Bijak